Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Menyang kontèn

Doenjangjjigae

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Doenjangjjigae

Doenjangjjigae (된장찌개) ya iku jinis godhogan (jjigae) ing masakan Koréa kang digawé saka godhogan sup doenjang utawa saos kacang kedelai fermentasi.[1][2] Doenjangjjigae dimasak nganggo bahan kang béda-béda manut mangsane.Ing mangsa katiga, lumrahé doenjangjjigae ditambah nganggo jamur lan ing mangsa rendheng ditambahi godhong lobak.[1] Bahan-bahan kang ditambahake ing doenjangjjigae ya iku kethokan lombok, timun lan tahu kang digodhog ing ttukbaegi utawa panci cilik saka wesi kang langsung disajekake nalika isih panas.[1] Doenjangjjigae duwé kandhungan protéin kang dhuwur lan gampang tinemu ing restoran-restoran kanthi rega kang bisa dijangko.[1] Amarga prabawa rasa doenjang kang kuwat lan dilarasake karo rasa asin lan pedas, doenjjangjjigae minangka masakan favorit masarakat Koréa.[1]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kc. 41. ISBN 89-8546-98-1. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)
  2. Korean Food: Stews, lifeinkorea. Diundhuh tanggal 4 Juni 2010.