Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Transfiguration pending
Menyang kontèn

Bunny Wailer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bunny Wailer ing konser Smile Jamaica taun 2008

Bunny Wailer lair ing Kingston, Jamaika tanggal 10 April 1947.[1] Penyanyi sing jeneng asliné Neville O'Riley Livingston iku jinis musiké ya iku Roots Reggae.[1] Bapaké penyanyi iku ya iku Toddy Livingston lan ibuké ya iku Cedella Marley-Booker.[2] Piyambaké uga nyerat lagu lan main perkusi.[3] Sadurungé karir solo piyambaké sakgrup karo Bob Marley lan Peter Tosh sajeroning The Wailers.[3]

Awal kariré piyambaké sukses mawa laguné sing digarap karo Bob Marley lan Peter Tosh sing sesirahé Simmer Down.[4]

Sajeroning lelampahé wektu sakbibaré tur ana ing Inggris lan Amérika karo grupé The wailers piyambaké milih karir solo.[3]

Pangaji

[besut | besut sumber]

Bunny Wailer tau éntuk pangaji saka Grammy Awards kanggo album Reggae paling apik ing taun 1990, 1994 lan 1996.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b "Bunny Wailer Biography". www.allmusic.com. Dibukak ing 18 August 2016.
  2. "Bunny Wailer Reggae Singer". www.famousbirthdays.com. Dibukak ing 18 August 2016.
  3. a b c d "Biografi Bunny Wailer". www.reggaefara.wordpress.com. Dibukak ing 18 August 2016.
  4. "About Bunny Wailer". www.mtv.com. Diarsip saka sing asli ing 16 May 2016. Dibukak ing 18 August 2016.