Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Transfiguration pending
Menyang kontèn

Piranti Pamrosésan Sentral

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pin mikroprosésor Intel 80486DX2.
Diagram blok Piranti Pamrosésan Sentral utawi CPU ingkang prasaja.

Piranti Pamrosésan Séntral (PPS) ([[basa Inggris: CPU (Central Processing Unit) inggih punika piranti padhet komputer ingkang gadhah mangfaat minangka piranti kanggé mahami lan nglaksanakaken parentah lan dhata saking piranti lunak.[1] Tembung utawi istilah sanèsipun ingkang asring dipunangge inggih punika pamrosés (processor).[2] Mikroprosésor inggih punika PPS ingkang dipunwedalaken ing sirkuit terpadu, asring wonten ing satunggalipun pakét sirkuit tunggal.[2] Wiwit taun 1970-an, mikroprosésor sirkuit terpadu-tunggal punika sampun limrah dipunanggé lan dados aspek ingkang wigati wonten ing UPS.[2]

Amargi dados punjering pangolahan data komputer, PPS saged dipunibarataken minangka utekipun komputer.[1] Cepet utawi alonipun kinerja komputer dipuntemtokaken saking kualitas lan téknologi PPS ingkang dipun-ginakaken.[1] Cara kerjanipun PPS meh sami kaliyan cara kerja kalkulator.[1] Namung bèntenipun, pamrosésan dhata ingkang saged dipunangge ing PPS langkung kiyat tinimbang kalkulator.[1] Satunggalipun CPU sasanèsipun saged ngolah dhata aritmatika, ugi saged ngolah dhata ingkang asipat logika.[1]

Wonten ing PPS, wonten pirang-pirang pérangan, ing antawisipun inggih punika menapa ingkang namanipun Arithmetic Logical Unit utawi ing basa komputer dipunsebat ALU.[1] tugasipun inggih punika nglaksanakaken prosés ingkang nglaksanakakaen sadaya rutinitas ingkang wonten gayutanipun kaliyan matematika lan perbandingan miturut cara logika.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h Pengertian CPU Archived 2011-08-02 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)
  2. a b c Architecture of the IBM System dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)

du nig

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Pengertian CPU Archived 2011-08-02 at the Wayback Machine.