Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Transfiguration pending
Menyang kontèn

Proklamasi Kamardikan Amérika Sarékat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dhokumèn Proklamasi Kamardikan Amérika Sarékat

Proklamasi Kamardikan Amérika Sarékat iku kalaksanan déning Kongrès Kontinèntal Kapindho sing disetujoni tanggal 4 Juli 1776 lan sing ngumumaké Telulas Warga Koloni bébas saka Britania Agung. Proklamasi iki, ditulis umume déning Thomas Jefferson. Salinan proklamasi iki ditapakastani déning para dhélégasi tanggal 2 Agustus lan saiki dituduhaké ing Administrasi Arsip Nasional lan Rekaman Nasional ing Washington, D.C. Proklamasi iki dianggep minangka salah sawijining dhokumèn pangadegan Amérika Sarékat lan dirayakaké tanggal 4 Juli dadi Dina Kamardikan.