Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Transfiguration pending
Menyang kontèn

Suku Batak Toba

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Omah Batak Toba

Suku Batak Toba iku kalebu péranganing bebrayan Batak. Suku Batak Toba manggon ing Kabupatèn Toba Samosir.[1] Kabupatèn iki duwé tlatah yaiku Balige, Laguboti, Parsoburan, lan saubengé.[1] Suku Batak Toba kalebu suku kang seneng bisnis lan nduwéni usaha.[1] Wiwit jaman biyèn, suku batak Toba kalebu suku kang kerep nglaksanakake upacara adat ing saben kagiyatan.[2] Nanging saiki anané upacara adat iki kerep nggawe béda penemu sanajan ora njalari konflik.[2] Iki kasebabaké amarga faktor agama, akehé etnik lan asal ètnis, defusi adat yaiku campuré adat saben ètnis kaya ta anané perkawinan ing suku kang béda.[2] Saliyané iku uga amarga faktor globalisasi.[2] Tokoh adat Raja Patik Tampubolon nglompokaké geseré adat iku dadi telu yaiku anané telu pelaksanaan upacara adat.[2] Upacara adat iku kapérang dadi Adat Inti, Adat na Taradat, lan Adat na Niadathon.[2] Nanging saiki ana siji manèh tata cara upacara adat Batak yaiku Adat na Soadat.[2] Sistem kekerabatn Suku Batak Toba diatur ing sistem sosial kemasyarakatan kang diarani dalihan na tolu kang tegesé tungku yang tiga.[3] Ana telu pilar dhasar kang nglandhasi sistem iki yaiku hula-hula, anak boru, lan dongan tubu.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c usu.ac.id(dipunundhuh tanggal 28 Agustus 2011)
  2. a b c d e f g silaban.net Archived 2011-10-12 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 28 Agustus 2011)
  3. a b repository.usu.ac.id(dipunundhuh tanggal 28 Agustus 2011)