Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Transfiguration pending
Menyang kontèn

Yudas Iskariot

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ciuman Yudas, lukisan déning Giotto di Bondone.

Yudas Iskariot (tilar donya watara taun 2933, Ibrani יהודה איש־קריות Yəhûḏāh ʾΚ-qəriyyôṯ), putranipun Simon Iskariot (Yohanes 6:71), panjenenganipun ugi kalebet salah satunggil saking kalih welas rasul ingkang dipunpilih déning Yesus Kristus, lan piyambakipun gadhah jejibahan minangka bendahara (Yohanes 12:6, 13:29).

Ing kalangan tiyang Kristen, asma Yudas Iskariot sampun boten asing malih. Panjenenganipun dipunanggep minangka pengkhianat amargi sampun masrahaken Yesus Kristus dhumateng imam-imam kepala kanthi regi 30 keping perak (Matius 26:14-15). Alkitab ugi nyerat bilih Yudas séda kanthi kaanan padharan suwèk lan sadaya isi padharanipun medal (Kisah Para Rasul 1:18). Posisi panjenenganipun dipungentos déning Matias sasampunipun kasewelas murid mbucal undhi kanggé nemtokaken sinten tiyang kaping-12 ingkang badhé nggentosaken (Kisah Para Rasul 1:26).


Rasul Yesus Kristus
Panginjil: Yohanes | Matius | Markus | Lukas
Sanèsipun: Petrus | Andreas | Yakobus | Filipus | Bartolomeus | Tomas/Didimus
Yakobus anak Alfeus | Simon tiyang Zelot | Yudas Tadeus | Yudas Iskariot ingkang dipungantos déning Matias