Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Menyang kontèn

Grubi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Grubi saka Surakarta

Grubi ya iku salah siji panganan saka olahan téla rambat. Panganan iki kalebu nyamikan kang wus lawas, amarga mèlu kasebut ing Serat Centhini[1] lan saiki isih lestari lan dadi olèh-olèh khas saka Ngayogyakarta[2] lan sakiwa tengené. Rasané legi kayadéné lumrahé panganan saka laladan Mataraman. Rupané uga khas, ya iku bunder sagedhéné bluluk, renyah lan legi.

Grubi digawé saka téla rambat kang dirajang dawa lembut, banjur digorèng garing. Sawisé iku dicemplungaké ing juruh gula jawa nganti campur banjur dibentuk dadi bunder-bunder. Rasa campuran antarané téla rambat lan gula jawa njalari grubi duwé rasa kang ora ana sing bisa nyarupani.

Déné ing pasaran, grubi kalebu olèh-olèh kang regané ora kalebu larang. Cukup 5-10 èwu rupiyah bisa olèh sawadhah isi 10 iji.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Sunjata, Wahjudi Pantja, dkk (2014). Kuliner Jawa Dalam Serat Centhini. Yogyakarta: Balai Pelestarian Aji Budaya (BPNB) Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 83–113.
  2. "Grubi Jadi Oleh-Oleh Khas Yogyakarta".