Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Menyang kontèn

Ivan Illich

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ivan Illich
Lair4 September 1932
Vienna, Itali
Pati2 Dhésèmber 2002
PakaryanFilsuf
Wong tuwaIvan Peter

Ivan Illich ya iku filsuf.[1] Lair ana Vienna, Italia, tanggal 4 September 1926.[1] Séda tanggal 2 Dhésèmber 2002.[1]

Bapaké asma Ivan Peter.[2] Illich sinau ana Piaristengymnasium ana Vienna saka 1936 nganti 1941, nganti Nazi nglungguhi Italia.[2]

Dhèwèké ngrampungi pawiyatan pra-universitas ana Florence, banjur nerusaké histology lan crytallography ana University of Florence.[1] Illich banjur mutusaké dadi pastor.[2] Dhèwèké lumebu sekolah pastor lan sinau teologi lan filosofi ana Vatican's Grégorius University saka 1943 nganti 1946.[1] Makarya dadi pastor ana New York, kondhang liwat sesrawungan karo komunitas Latin lan ngurmati tradhisiné.[1] Dhèwèké nganggo cara kang padha kanggo skala sing luwih gedhé nalika, ing taun 1956, dhèwèké dadi wakil rektor ana Catholic University of Puerto Rico; banjur, ing taun 1961, minangka pendhiri Centro Intercultural de Documentatión (CIDOC) ana Cuervana ing Meksiko, sawijining pusat panalitèn kang nawakaké pawiyatan kanggo misionaris teka saka Amérika Lor.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g Todd, Andrew; La Cecla, Franco (9 December 2002). "Ivan Illich". theguardian.com. Dibukak ing 4 September 2016.
  2. a b c Smith, Mark K. "Ivan Illich: deschooling, conviviality and lifelong learning". infed.org. Dibukak ing 4 September 2016.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]