Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Menyang kontèn

Kulkas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambar Kulkas

Kulkas ya iku piranti wujud sakinis lemari panggonan nyimpen panganan utawa ombènan supaya adhem lan ora rikat bosok.[1]

Sajarah Kulkas

[besut | besut sumber]

Prosès tinemuné kulkas wis diwiwiti nalika abad kaping 18.[2] Ing taun 1748, William Cullen saka University of Glasgow ngembangaké prosès kanggo nyiptakaké piranti kanggo ngawétaké panganan.[2] Sawijining penemu Amérika, Oliver Evans gawé désain kulkas ing taun 1804 nanging nganti taun 1834 ora ana wong kangmikat babar pisan. Banjur Jacob Perkins minangka désain Oliver ing taun 1834.[2] Ing taun 1844, sawijining dhokter kanthi aran John Gorrie uga gawé unit ès kang digunakaké kanngo nyipta ruwangan atis kanggo pasiene kang lara Kuning.[2] Ing taun 1876, Carl von Linden nemu metode kanggo ningkatake prosès pencairan gas lan najur dipatenake.[2] Penemuan Carl bisa mbantu anggonegawé kulkas kang luwih praktis.[2] Ing wektu iku amonia, sulfur dioksida, lan klorida metil digunake kanggo pendinginan nanging komposisi iki wis kabuktèn ora aman lan njalari akèh kacilakan.[2] Sawisé freon digunakaké minangka piranti pendingin kanthi gedhen nganti tinemu bukti manawa panggunaané ora apik ing lingkungan lan uga nyebabake lapisan ozon dadi tipis.[2] Freon utawa CFC banjur diganti HFC minangka piranti pendingin kang luwih apik kanggo lingkungan.[2]

cathetan Suku

[besut | besut sumber]
  1. Sugono, Dendi, dkk. 2008.Kamus Basa Indonesia.Jakarta: Pusat Basa hal. 773
  2. a b c d e f g h i kamusistilah.com Archived 2011-05-21 at the Wayback Machine. (diakses tanggal 23 Mèi 2011)