Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Menyang kontèn

Lembarang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     

Lembarang iku sawijining janganan sing dienggo lawuh. Masakan iki khas Blora lan sing dadi bahan bakuné ya iku iwak pitik.

  • Bahan-bahan: Daging ayam, ketèwel (gori), labusiem, lombok abang sakcukupe, brambang, bawang, tumbar, kunir, uyah, godong sereh, godong jeruk, santen, kemiri lan laos.
    Masakan Khas Blora : Lembarang
  • Cara masaké: Bumbu-bumbu diulek nganti alus, saliyané godong serèh, godong jeruk, laos lan santen. Sawisé alus, nembé digongsèng nganggo lenga gorèng nganti mambu wangi. Daging ayam / Sayuran dicemplungaké sawisé sauntara wektu, nembé dijogi santen. Sawisé daging ayamé empuk, nembé bisa dihidangaké.