Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Menyang kontèn

Mikrotubula

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Mikrotubula ya iku organel sèl,ing jero sitoplasma kabèh sèl eukariot, wujud silinder dawa kang duwé gronggongan kanthi diameter njaba kira-kira 25 nm lan diameter njero ± 12 nm.[1][2] Dawane warna-warna saka pirang-pirang nanometer nganti prang-pirang mikrometer.[1] Mikrotubula kasusun saka molekul-molekul bunder protéin globular kang diarani tubulin, kang kanthi spontan nggabung ing kaanan tinamtu mbentuk silinder dawa kang duwé gronggongan.[1][2] Saben molekul tubulin kasusun saka rong subunit polipeptida kang wujud,α-tubulin lan β-tubulin.[2] Saben molekul tubulin duwé bobot molekul 110.000 Dalton lan minangka dimer saka protéin tubulin α lan tubulin β.[1] Ing irisane, mikrotubula katon kasusun saka 13 subunit ing susunan heliks.[1] Subunit iki ya iku péranganing 13 benang tubulin, saben subnit karonce mbentuk heliks kang minangka péranganing dinding mikrotubula.[1] Sakloron macam tubulin iki kasusun kanthi selang seling sadawaning benang.[1]

Enzim protease aspartat kang disekresi déning HIV lan avian myeloblastosis virus tinemu nggondheli prosès ronce mikrotubula, kanthi ngiris hormon MAP.[3]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g Salisbury FB, Ross CW. 1995.Fisiologi Tumbuhan. Indonesia: Penerbit ITB Bandung. Hal 22. ISBN 979-8591-20-8.
  2. a b c Campbell NA, Reece JB, Mitchell LG. 2002. Biologi, Edisi Kelima, Jilid I. Jakarta: Erlangga. Hal:130, 126 ISBN 979-688-468-2
  3. "Proteolytic cleavage of microtubule-associated proteins by retroviral proteinases". Department of Zoophysiology, University of Göteborg; Wallin M, Deinum J, Goobar L, Danielson UH. Dibukak ing 2010-06-25.