Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Menyang kontèn

Taman Putroe Phang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gunongan
Kandang Taman Ghairah

Taman Putroe Phang inggih punika satunggalipun taman ingkang dipunyasa déning Sultan Iskandar Muda (1608-1636[1], dunungipun wonten ing wewengkon kompleks Pura Sultan Acèh ing Kutha Banda Acèh.[1][2] Taman punika dipundamel kanggé sang permaisuri Sultan Iskandar Muda ingkang namanipun Putroe Phang ingkang tegesipun Putri Pahang, Putri Pahang asalipun saking wewengkon Pahang, ing nagari Malaysia.[2]

Wonten ing salebetipun Taman Putroe Phang wonten pintoe khop ingkang kalebet satunggalipun lawang ingkang nyambungaken pura kaliyan Taman Putroe Phang ingkang wujudipun kubah.[2] Pintoe Khop punika kalebet satunggalipun papan kanggé istirahat Putri Phang. Ing mriki dayang-dayang masuh rikmanipun sang permaisuri.[2] Wonten ing mriki ugi wonten kolam kanggé sang permaisuri keramas lan siram kembang.[2] Pintoe Khop Putroe dipunyasa nalika wekdal panguwaosipun sultan Iskandar Muda, Pintoe Khop punika lawang penghubung pura kaliyan Taman Putroe Phang.[2] Ing Taman Putroe Phang wonten satunggalipun wangunan unik, ingkang namanipun Gunongan.[2] Gunongan kasebat dipundamel mèmper kaliyan paredèn-paredèn ingkang wonten ing Pahang, Malaysia.[2] Wangunan punika dipundamel amargi panyuwunipun sang Permaisuri piyambak, ingkang tansah ngraos kapang kaliyan kampungipun, Pahang ingkang dhaérahipun punika kathah siti awujud paredèn.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Taman Putroe Phang Archived 2009-03-02 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 10 September 2011)
  2. a b c d e f g h i [Suhada, Ichsan (lan kanca-kanca). 2009. Pesona Indonesia; Pariwisata, Budaya dan Sosial (Lebih Dekat Mengenal Pulau Sumatra. Surabaya:Bintang Ilmu;kaca 69-70]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Taman Putroe Phang Archived 2009-03-02 at the Wayback Machine.