Svoboda | Graniru | BBC Russia | Golosameriki | Facebook
Menyang kontèn

Wayang krucil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Wayang Krucil)
Wayang krucil paraga Suyudana, gambar kolèksi Tropenmuseum

Wayang krucil iku sajinising wayang sing digawé saka kayu. Tontonan Wayang krucil wis rada langka. Sisa-sisa wayangé ana ing tlatah Blora kari didarbeni déning sawatara warga antarané déning dhalang Wayang Krucil Supangkat, Janjang, Jiken, Blora.Wayang Krucil, utawi ing tlatah liya dijenengi Wayang Klithik iku digawé saka kayu. Nanging rada béda karo Wayang Golèk sing awaké wangun gilig kaya manungsa,wayang krucil wanguné gèpèng, mémper wayang kulit.Déné gedebog sing lumrahé dienggo nancepaké wayang diganti naganggo kayu sing dibolongi.

Lakon-Lakon ing Pagelaran Wayang Krucil

[besut | besut sumber]

Lumrahe, lakon wayang krucil kerep njukuk lakon saka carita Damarwulan, wiwit seka ngenger ing Kraton Majapait nganti kasil jumeneng nata ing Majapait lan mengku garwa Ratu Ayu Kencanawungu sawise klakon mateni Adipati Menakjingga kang ngraman (mbrontak) lumawan pamrentahane Ratu Kencanawungu. Nanging uga nganggo lakon-lakon liyane kang kapethik saka naskah Babad, kayata jaman Pajajaran, Jaka Sesuruh ngedegake negara Majapait, nganti ngadege Kasultanan Demak (ambruke Majapait), uga ana lakon liyane kayata Kebo Marcuet lan Jaka Bandung.